Kamis, 26 April 2012

TEKS NASKAH PARARTON BAGIAN I [16-17]

TEKS NASKAH PARARTON
BAGIAN III [16-17]

Gumanti sirapañji Tohjaya añjeneng ratu ring Tumapel. Hana ta putranira sang Anusapati, aran sira Rangga wuni, kapernah kaponakan denirapañji Tohjaya. Sira Mahisa wong ateleng, sanakirapañji Tohjaya tunggaling bapa saos ibu, aputra ring sira Mahisa campaka, kapernah pahulunan denirapañji Tohjaya. Duwegirapañji Tohjaya ingastren, pinareking mantri samadaya, makanguni sira Pranaraja. Marek sira Rangga wuni adulur lawan sira Kebo campaka. Lingirapañji Tohjaya: „E mantri samadaya, makadi Pranaraja, delengen iki kaponakaningong, kamakara rupane lawan pangadege. Paran rupane musuhingong ring nusantara, dene wong roro iki, angapa denira, Pranaraja”. Asahur sembah sira Pranaraja matur: „Singgih, pukulun, andika, paduka bhatara, apekikpekik ing rupa, sama wani sira kalih, anghing pukulun, upamanira kadi wuwudun munggwing nabhi, tan wurung sira amatyani ri puhara”. Meneng talampakanira bhatara, sangçaya karasa aturia Pranaraja runtik sang apañji Tohjaya. Teher angundang ing sira Lembu ampal, kinon anghilangakena ring raden kalih. Andikanirapañji Tohjaya ring sira Lembu ampal: „Mon luput denira angilangaken ing ksatriya roro iku, ko ndak-ilangaken”. Duk sirapañji Tohjaya akon angilangaken ring raden kalih ring sira Lembu ampal, wonten sang brahmana sedeng anangkapaneni ring sirapañji Tohjaya, denira danghyang angrengö yan raden kalih kinen ilangakena. Awelas sang brahmana ring raden kalih, awarah „yan sira Lembu ampal kang kinon angilangakena, yen luputa kalih, kaki, sira puniki denipun Lembu ampal, pun Lembu ampal gumanti ingilangaken denira çri maharaja”. Lingira rahaden kalih: „Sira danghyang tambonten ta wonten dosaningsun”. Sahurira sang brahmana: „Aron ta sira kaki asenetana rumuhun”. Pinariringaken manawi [17] brahmananira adwa, ya ta rahaden sama maring sirapañji Patipati. Andikanira raden: „Pañji Patipati ingsun asenetan ring umahira, anengguh ingsun harep ilangakena bhatara, yen ingsun atut harep ilangakena, nora dosaningsun”. Pinarurungoken denirapañji Patipati: „Rahaden atut, yen pakanira ingilangaken pun Lembu ampal sinalahan”. Mangkin enak denirasenetan kalih, rinuruh sira rahaden kalih tan kampanggih. Pinarurungoken tan kaparungon panarira. Ya ta sinenggeh sira Lembu ampal sakarayita lawan raden kalih denira bhatara. Samangka sira Lembu ampal ingilangaken, malayu tasenetan ing tatangganirapañji Patipati. Angrungu sira Lembu ampal yen raden kalih hana ring sirapañji Patipati. Ya ta sira Lembu ampal marek ing raden kalih, aturira Lembu ampal ing raden kalih: „Manira angungsi ring pakanira pukulun, dosa-manira kinen angilangakena ring pakanira denira bhatara. Mangkin ta manira aneda cinoran manawi manira tan kandel den pakanira, enakan manira angawula ring jeng pakanira”. Sampune cinoran awatara kalih dina, sira Lembu ampal marek ing raden kalih, matur ing raden: „Punapa wekas pakanira rahaden, tan wonten puharanirasenetan, manira anuduka wong Rajasa mene, sedengipun ababañu”. Tatkala sore, anuduk wong Rajasa sira Lembu ampal, ingaloken malayu maring Sinelir. Ujaring wong Rajasa: „Wong Sinelir anuduk wong Rajasa”. Watara kalih dina wong Sinelir sinuduk dening Lembu ampal, binuru malayu maring Rajasa. Ujaring wong Sinelir: „Wong Rajasa anuduk ing wong Sinelir”. Wekasan atutukaran wong Rajasa lawan pangalasaning Sinelir, rame alolongan, sinapih saking dalem tan ahidep. Runtik sirapañji Tohjaya, ingilangaken kalih batur pisan. Angrungu sira Lembu ampal yen wong kalih batur ingilangaken, mara sireng wong Rajasa sira Lembu ampal. Lingira Lembu ampal: „Yen sira ingilangaken angungsia ring raden kalih sira, apan sama hana rahaden ”. Sangguping wong Rajasa: „Parekakena ugi, ki Lembu ampal, wong batur puniki”. Bhinakta pinituhaning wong Rajasa, marek ing raden kalih. Aturing wong Rasaja: „Pukulun pakanira sakitaha kawula ing Rajasa, sahandika-pakanira, pakanira-corana, manawi tan tuhu pangawulanipun, pahea rika denipun angawula”. Mangkana wong Sinelir, sama ingundang pinituhanipun, tunggal sanggupipun lawan wong Rasaja, tur pinatut kalih batur sampun kacoran, winekas: „Mene sore pada merenea, tur amawaha sahayanira sowang sowang, pada ambarananga maring kadaton”. Sama amit mantuk wong Sinelir lawan wong Rajasa. Katekan sore masa sama rawuh kalih batur amawa sahaya, sama marek ing ayunira rahaden kalih, sama wano ; anuli mangkat ambaranang mareng jero kadaton. Mogha kagyat sirapañji Tohjaya, malajeng kapisah, tinumbak tan kapisanan. Marining geger, rinuruh dening kawulanira, pinikul pinalayoken maring Katang lumbang. Kang amikul kasingse gadage, katon pamungkure. Lingirapañji Tohjaya ri kang [18] amikul: „Beciki gadagta katon pamungkure”. Sangkaning tan awet ratu dene silit iku. Rawuhireng Lumbang katang, mokta sira. Anuli dhinarmeng Katang lumbang. Linanira i çaka 1172.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentarlah dengan baik dan sopan. Pasti akan dibalas oleh pemilik. Mohon jangan mengandung unsur kasar dan sara, mari berbagi pengetahuan, silakan kritik karena kritik itu membangun dan membuat sesuatu menjadi lebih baik

Creative Commons License
MENGUAK TABIR SEJARAH NUSANTARA by Ejang Hadian Ridwan is licensed under a Creative Commons Attribution 3.0 Unported License.
Based on a work at menguaktabirsejarah.blogspot.com.
Permissions beyond the scope of this license may be available at http://menguaktabirsejarah.blogspot.com.