Kamis, 26 April 2012

TEKS NASKAH PARARATON BAGIAN VIII [25-27]

TEKS NASKAH PARARATON
BAGIAN VIII [25-27]

Gumanti raden Kala gemet angadeg prabhu, abhiseka bhatara Jayanagara. Çri Çiwabuddha dhinarma ring Tumapel, bhisekaning dharma ring Purwapatapan. Helet pitu-welas tahun adeging dharma lawan paranggalawe. Sira Rangga lawe arep adegakena patih wurung, margane andaga maring Tuban sira Rangga lawe tur angapusi rorowang. Wus kapusan wong Tuban sagunung lor, samahidep ing sira Rangga lawe. Araning kang ahidep pañji Marajaya, ra Jaran waha, ra arya Siddhi, ra Lintang, ra Tosan, ra Galatik, ra Tati rowangira Rangga lawe andaga. Sangkaning lungha saking Majhapahit arebut lungguh, sira Mahapati amiçunaken aderwe dandan ujarira Rangga lawe: „Aja kehing ucap, hana ring Parthayajña papaning jejerih”. Karungu ring Majhapahit yen sira Rangga lawe andaga. Sira Mahapati angaturaken. Runtik siraji Jayanagara. Sarowangira Rangga lawe andaga mati, anghing ra Galatik ahurip, kinon malika denira Mahapati. Paranggalawe i çaka kuda-bhumi-paksaning-wong, 1217. Sira Wiraraja amit angulihi ing Lamajang tigang juru, apan pasamayanira raden Wijaya amalihana Jawa, kanugrahan lurah Lamajang lor kidul lawan tigang juru. Huwus alawas kabhukti denira Wirajaja. Sira Nambi kari apatih, sira Sora demung, sira Tipar tumenggung. Sor tumenggung dening demung samangka. Sira Wiraraja tan mulih maring Majhapahit, tan ayun angawolu. Helet tigang tahun paranggalawe lawan pasora. Pinisunaken sira Sora denira Mahapati, sira Sora ingilangaken mati denira Kebo anabrang, i çaka baba-tangan-wong, 1222. Sira Nambi pinisunaken denira Mahapati, tan kinatonaken perange, olih kaladeça, amit atilik ing sira Wiraraja agering alara. Çri Jayanagara suka, anghing tan sinung alawasa. Sira Nambi tan teka manih, meneng ring Lembah, agawe kuta atingkah sañjata. Sira Wiraraja mati. Siraji Jayanagara añjeneng prabhu rong tahun. Guntur palungge i çaka api-api-tangan-tunggal, 1233. Tumuli pajurudemung, helet rong tahu lan pasora. Patine juru demung i çaka arta-guna-paksaning-wong, 1235. Tumuli pagajahbiru i çaka rasa-guna-paksa-wong, 1236. Tumuli pamandana. Mangkat angawaki siraji Jayanagara angilangaken wong Mandana wulan karo. Anuli mangetan, sira Nambi ingilangaken. Winarah sira Nambi yen wus mati juru demung, patih emban, tumenggung Jaran lejong, mantri parakrama, sampun samangemasi, maty anempuh. Angucap sira Nambi: „Kang Samara, ki Derpana, ki Tenguh, pamañ Jaran bangkal, ki Wirot, ra Windan, ra Jangkung, yen tandingen nora sor wong wetan iki, mali wus rusak, sapa si galihe kulon,

[26]

Jabung terewes, Lembu peteng, Ikalikalan bang, nora ingsun awedi, don-salakseng harep ing wuri, kongsi uga denisun saksat aprang ing Bubat. ” Tekane wong Majapahit, pangidulira Nambi, rusaking Ganding, kajarah praçastine, sira Nambi tinut sinelesek, tumandang sira Derpana, sira Samara, sira Wirot, sira Made, sira Windan, sira Jangkung, sira Teguh, makadi sang arya Nambi adining anempuh ; dahut wong Majapahit, noranapulih. Sira Jabung terewes, Lembu peteng, Ikalikalan bang sama amagut ing sira Nambi mati, sarowangira Namby anempuh angemasi, Rabut buhayabang tikel, dahut payung wong wetan, kalah deça Lamajang i çaka naganahut-wulan, 1238. Tunggal pawagal lan pamandana. Helet rong tahun pawagal lan palasem. Sira Semi ingilangaken mati i soring rangdu i çaka nora-weda-paksa-wong, 1240. Tumuli rakuti. Hana dharmaputra aji, pangalasan wineh suka, wong 7, aran Kuti. Ra Pangça, ra Wedeng, ra Yuyu, ra Tañca, ra Bañak, ra Kuti lawan ra Semi mati ingilangaken, pinisunaken denira Mahapati. Samangka kawaspadan sira Mahapati yan rajapisuna, ya tan sinikep, winunuh cinelengceleng, dosane angadu pisuna. Duk durung mati ra Kuti, harep angawaken abhatara maring Badander. Sah ring wengi tan ananing wruh, anghing wong Bhayangkara angiring, sakehe kang katuju akemit duk abhatara lungha, hana wong lima welas. Sira Gajah mada ambekel ing Bhayangkara samangka, katuju kemitane, sangkane angiring bhatara duk mimba. Alawas sira haneng Badander. Hana pangalasan amit mulih, tan winehan denira Gajah mada, polahing kawula angiring akedik, amaksaken mulih. Sinuduk denira Gajah mada, done manawa hana awawarah yen abhatara dumunung ring umahipun buyuting Badander, manawa ra Kuti wruh. Akara sapasar amit sira Gajah mada maring Majhapahit. Teka ring Majhapahit, sira Gajah mada tinakontakonan de sang amañcanagara ring pernahira bhatara, awarah yen huwus kasambut dening rowange ra Kuti. Samanangis kang winarah. Angucap sira Gajah mada: „Menenga, nora sira harep-harep apangerana ring ra Kuti”. Sumahur kang inujaran: „Angapa ujarira iku, iya dudu pangeran dewek”. Wekasan sira Gajah mada awarah yen abhatara haneng Badander. Samangka sira Gajah mada ayom lawan sang mantri, sama asanggup amatenana ring ra Kuti, ingilangaken mati ra Kuti. Mantuk abhatara saking Badander, kari abuyut tur sub ing dangu. Saulihira bhatara sira Gajah mada mari ambekel ing wong Bhayangkara, ring rong wulan amukti palapa, ingalihaken apatih ring Kahuripan, apatih rong tahun. Sang arya Tilam apatih ring Daha mati, gumanti sira Gajah mada, tinerapaken apatih ring Daha, atut sirapatih amangkubhumi sang arya Tadah, kang angrojongi sira Gajah mada patih ring Daha.

[27]

Siraji Jayanagara asanak istri kakalih, saos ibu, sami tan sinung akramaha ri len, ayun alapen piyambek. Samangka ksatriya tan hana maring Majhapahit, sing katon ingilangaken, manawa harep ing arinira. Sira paraksatriya angekeb ahetetan. Somahira Tañca aparungon ingalan denira bhatara, sira Tañca ingadoken denira Gajah mada. Katuju bhatara Jayanagara bubuhen tan kawasa mijil. Sira Tañca kinon anajia, marek maring pagulingan. Tinaji denira Tañca pisan pingro tan tedas, den-aturi bhatara asalaha kemitan, asalaha kemitan sandingiraguling, tinaji denira Tañca tedas, linud sinuduk denira Tañca, mokta sira ring pagulingan. Sira Tañca ginelis pinaten denira Gajah mada, mati sira Tañca. Let sangang tahun pakuti lawan pata&ntlide;ca, i çaka bhasmi-bhuta-nangani-ratu, 1250. Sira ta dhinarmeng Kapopongan, bhiseka ring Çrnggapura pratista ring Antawulan. Samangka sira paraksatriya angambah Majhapahit. Samangka raden Cakradhara kalaping swayambara pinakalakinira bhreng Kahuripan. Raden Kuda merta angambil bhreng Daha. Raden Kuda merta añjeneng ring Wengker, bhreng Pramiçwara ring Pamotan, bhiseka çri Wijayarajasa. Hana ta patutan raden Cakradhara añjeneng ring Tumapel, bhiseka çri Kertawardhana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentarlah dengan baik dan sopan. Pasti akan dibalas oleh pemilik. Mohon jangan mengandung unsur kasar dan sara, mari berbagi pengetahuan, silakan kritik karena kritik itu membangun dan membuat sesuatu menjadi lebih baik

Creative Commons License
MENGUAK TABIR SEJARAH NUSANTARA by Ejang Hadian Ridwan is licensed under a Creative Commons Attribution 3.0 Unported License.
Based on a work at menguaktabirsejarah.blogspot.com.
Permissions beyond the scope of this license may be available at http://menguaktabirsejarah.blogspot.com.